Wonten ing kalodangan meniko keparengo kulo nyerat posting mawi boso Jawi. Sedherengengipun kulo nyuwun agunging pangaksami mbokbilih kathah lepat wonten ing saklebeting seratan meniko. Nyuwun sewu meniko awit kulo piyambak ingkang awis-awis nyerat mawi boso Jawi, ugi cubluking seserapan babagan olah krida boso Jawi.
Mekaten, nembe mawon kulo, bapak lan simbok kesengsem kalian bagus Angger Sukisno. Sinten Angger Sukisno meniko? Angger Sukisno injih meniko satunggaling pranata cara ing adicara Cangkriman ingkang kagiaraken dening TVRI stasiun Ngayogyakarto saben dinten Rabu tabuh enem sonten dumugi tabuh pitu. Injih Cangkriman meniko sakwijinipun acara arupi kuis kados ingkang limrah dipun pirsani wonten ing TV-TV nasional ingkang langkung kawentar.
Ingkang andamel Cangkriman benten lan peni katimbang kuis sanesipun, nggih meniko ing saklebeting kuis, Cangkriman dipun dherekaken nganggem boso Jawi kromo inggil saking purwo dumugi wusana tanpa sinelingan basa Indonesia punapa malih basa Inggris lan saben-saben kairingan dening sekar keroncong Jawi. Baca lebih lanjut