Cangkriman ing TVRI Yogyakarta

Wonten ing kalodangan meniko keparengo kulo nyerat posting mawi boso Jawi. Sedherengengipun kulo nyuwun agunging pangaksami mbokbilih kathah lepat wonten ing saklebeting seratan meniko. Nyuwun sewu meniko awit kulo piyambak ingkang awis-awis nyerat mawi boso Jawi, ugi cubluking seserapan babagan olah krida boso Jawi.

Mekaten, nembe mawon kulo,  bapak lan simbok kesengsem kalian bagus Angger Sukisno. Sinten Angger Sukisno meniko? Angger Sukisno injih meniko satunggaling pranata cara ing adicara Cangkriman ingkang kagiaraken dening TVRI stasiun Ngayogyakarto saben dinten Rabu tabuh enem sonten dumugi tabuh pitu. Injih Cangkriman meniko sakwijinipun acara arupi kuis kados ingkang limrah dipun pirsani wonten ing TV-TV nasional ingkang langkung kawentar.

Ingkang andamel Cangkriman benten lan peni katimbang kuis sanesipun, nggih meniko ing saklebeting kuis, Cangkriman dipun dherekaken nganggem boso Jawi kromo inggil saking purwo dumugi wusana tanpa sinelingan basa Indonesia punapa malih basa Inggris lan saben-saben kairingan dening sekar keroncong Jawi.

Menopo ingkang dados pitaken wonten ing Cangkriman. Meniko ingkang saestu wigati. Injih meniko sedoyo pandherek kuis dipun tantang  adu seserepan babagan basa Jawi, tembang, ringgit, ugi kasuwun nggunggung wilangan ngagem boso jawi. Sinten ingkang taksih kemutan tetembungan “Gupak pulut ora mangan nangkane”, “Idu didilat maneh”? Ngemu suraos menopo meniko. Nyuwun pangapunten kulo taksih badhe nyuwun pirso, sinten ingkang pirso basa kramanipun weteng, usus, sikut, mripat?

Kulo piyambak turkadhang saget caos wangsulan kadhos pitaken ingkang kulo aturaken ing nginggil. Ananging menawi sampun ndungkap pitaken ingkang magepokan sekar, kalo namung ngertos gambuh, dandang gula, sinom lan pocung, hehe. Asmarandana meniko mawarni warni, suku wulunipun benten sekedik mawon kulo sampun jelik. Menopo malih pewayangan. Naliko taksih sugeng, eyang kakung kulo remen sanget midhangetkan ringgit wonten radio, ananging kok nggih seserepanipun eyang mboten tumurun dumatheng kulo.

Peranganipun Cangkriman ingkang mboten kalah gayeng nggih meniko babagan Manca Warna. Kulo mboten mangertos punopo gandheng cenengipun gunggung angka kalian tembung Manca Warna, cekakipun ing perangan meniko, pendherek kuis dipun dawuhi nggunggung angka-angka ingkang saget dipun pirsani wonten ing layar. Temtu kemawon, gunggungan meniko kedhah dipun aturaken ngagem kromo inggil. Menawi gunggungan leres ananging mboten pun aturaken kromo inggil, wangsulan pun anggep lepat.

Kulo kinten, sinten kemawon para sutresna kabudayan basa Jawi kedhah mirsani adhicara Cangkriman meniko. Kulo kinten kirang prayogi menawi kulo matur kathah.

Mugi-mugi ing wekdal candakipun kulo saget ndherek kuis Cangkriman. Dede menang ingkang badhe kulo gayuh, ananging awujud tresno kulo dumatheng basa Jawi. 🙂

Iklan

13 thoughts on “Cangkriman ing TVRI Yogyakarta

  1. Weteng – wadhuk – padharan
    Mata – mripat – netra – paningal

    Sepisan: Seratan panjenengan sampun sae lan runtut, ananging taksih wonten bab-bab ingkang andadosaken raos ‘ngganjel”, inggih punika ing babagan pangetrapipun aksara “o” (taling tarung) kaliyan “a” (nglegena).

    Wonten ing kagunan paramasastra, aksara “o” (taling tarung) punika namung kaginakaken kangge tembung ingkang nyata-nyata ambetahaken aksara “o” kadidene ing tembung: toko, loro (2), jodho, kilo, soto. Utawi tembung-tembung kadidene: sop, bongkok, bangkok, ledhok, menthok, maos, lan sapiturutipun.

    Sedaya punika kangge ngawekani mleseting seserepan pada kadang pamaos. Contonipun: tembung “bojo loro” punika satuhu benten kaliyan “bojo lara”. Bojo loro ngemu suraos “gadhah semah kalih cacahipun”, sawetawis “bojo lara” ngemu suraos “semah ingkang nandang roga/sakit”. Wonten malih, menawi panjenengan dhahar “soto” kajamin sarira bakal seger kepara sumyah. Nanging, menawi panjenengan dhahar “sata” kajamin padharan badhe kraos mules, kruwel-kruwel, malaha kepara saged luntak (muntah).

    Paugeran punika boten kenging dipun trapaken menawi tembung punika dipun ginakaken kangge tetenger/nami, contonipun: Soeharto, Soekarno, Bojonegoro, Purwokerto, Sumanto. Sanadyan ngagem aksara “o”, nanging ing pangucapipun tetep kawaos nglegena. Awit ing babagan nami, punika tuhu sakersanipun ingkang kagungan nami, boten kenging dipun peksa.

    Tata cara panyeratan aksara: d, dh, t, th. Ing basa Jawi panyerat aksara punika satuhu wigati, amargi punika dados panandha ingkang trep (precise) dhumateng satunggaling tembung. Contonipun: “thuthuk” benten kaliyan “tutuk”, “kutuk” benten kaliyan “kuthuk”, “dandang” benten kaliyan “dhandhang”, “dhulang” benten kaliyan “dulang”.

    Kaping kalih: Ing jagading basa Jawi punika wonten paugeran ingkang dipun wastani “lungguh”. Inggih punika pangetraping basa ingkang jumbuh kaliyan subjek ingkang dipun tuju. Tembung2 krama inggil boten kenging dipun trapaken kangge awakipun piyambak. Contonipun: Kula badhe siram, sanadyan ketingal alus tur kebak ing tata krama, ananging punika boten trep. Ingkang leres: “Kula badhe adus, menawi Bapak badhe siram rumiyin kasumanggakaken….”

    Matur nuwun.

    • maturnuwun bapa, awit sampun kersa paring seserapan wonten ing enjang menika.

      insya Alloh kekeringan terapan meniko mboten kula ambali ing serapan candhakipun 🙂

  2. mas Jar, mboten nginten menawi panjenengan trampil nyerat boso jawi kanti runtut, monggo dipun lestariken terus boso jawi

  3. Nderek manghayu bagyo, bingah bombong, mongkok raosing ati dene tasih wonten lare ingkang tuhu nguri uri kabudayan jawi, nuwun. dene sing ora ngerti luwih becik ora usah komentar, mengko mundak katon ilang jawane.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s