Siang meniko cethanipun kulo nembe ‘blog flying’. Tetembungan menopo meniko ‘blog flying’. Nggih meniko mlampah mlampah saking setunggal blog teng blog sanesipun. Siang meniko sajak benten.
Sepisan
kulo maggih blog engkang edi, sae sanget tumprap kulo. Wonten ing saklebeting jagat pe blog an
( duka menika tembungipun leres mepopo luput, menawi tembung lingga dalang robah dados pedalangan kulo njajal menawi tembung lingga blog kulo robah dados pe blog an, he he he malah damel gumujeng, ananging kulo malah lingsem, moso lare jawi kok matur ngagem bahasa ibu malah ‘angel’)
Wonten satunggaling blog ingkang kaserat mawi Basa Jawa, Basa Kramo, Basa Ingkang Santun. Menawi kagungan wekdal kulo aturi pinarak wonten http://kawruhjawi.wordpress.com. Langkung langkung blog meniko mboten namung ngagem Basa Jawa anggenipun matur. Sedoyo ingkang magepokan kaliyan budaya Jawi katur kaserat runtut wonten saklebeting blog menika.
Blog menika dipun damel lan dipun gulawenthah kalian sederek-rencang kaneman (utaminipun rencang-rencang PPPPTK Matematika Jogja)
Kaping Kalih
Kulo ajal ajal nyerat blog meniko mawi bebasan jawi, nggih idep idep kangge gladen mekaten, ing pangajab ugi mugi kulo saget ndherek cancut tali wandha nglestantunaken, kabudayan inggil, Budaya Jawi. Ing pangangkah mugi ing wekdal candakipun kulo saget nyerat posting lan pawartos mawi basa Jawi ingkang langkung kathah
Donga pangestunipun kulo tengga (saestu)
Amiiiin