Siang meniko cethanipun kulo nembe ‘blog flying’. Tetembungan menopo meniko ‘blog flying’. Nggih meniko mlampah mlampah saking setunggal blog teng blog sanesipun. Siang meniko sajak benten.
Sepisan
kulo maggih blog engkang edi, sae sanget tumprap kulo. Wonten ing saklebeting jagat pe blog an
( duka menika tembungipun leres mepopo luput, menawi tembung lingga dalang robah dados pedalangan kulo njajal menawi tembung lingga blog kulo robah dados pe blog an, he he he malah damel gumujeng, ananging kulo malah lingsem, moso lare jawi kok matur ngagem bahasa ibu malah ‘angel’)
Wonten satunggaling blog ingkang kaserat mawi Basa Jawa, Basa Kramo, Basa Ingkang Santun. Baca lebih lanjut